Selasa, 27 Mei 2014

Wis padha lunga


Runtung-runtung nyawang mendhung
Aku sih kelingan rikala aku lan awakmu kesandhung
Padha matur marang biyung
Saiki wis ora ana jluntrung

Bebarengan nyucup banyu kali uga banyu kendhi sing kebak pangaji
Saya suwe saya sepi
Kelingan rikala aku mancik kursi sisih mburi
Guyu tangismu ing pikirku nganti saiki
Mlaku turut mburine guru ngaji

Kudu ngati-ati jaman wis wanci
Apa tekane pati ngilangi rasa saka ati


                                                Surabaya, 15 feb 2010

0 komentar:

Posting Komentar