Aku rumangsa bodho
Ilmu wis cumepak
Ora ana sing jodho
Nagih marang
pangeran kang kumebak
Nanging aku ora bodho
Ilmu sing dak tampa
Dak aturake marang wong kang kurang begja
Bisa nampa lan ngaturna
Aku dudu wong
pinter
Aku uga dudu wong
cerdas
Ananging.........
Aku manungsa kang
duweni pangrasa
Alamku lan
agamaku
Dak sawang ilmu
ing jero atiku
Aja rumangsa pinter
Yen awakmu ora tau bodho
Anane wong bodho
Nambahi rasa ana ing donnya
Pinter
Saiki akeh wong
sing minteri
Pinter akale
nanging ala kelakuane
Saiki akeh uwong
kang keminter
Pintere manugsa
Mung pinter sadarma
Pintere ilahi
Pinter kang sejati
Aku kepingin???
Duweni guru kang
duweni ilmu sejati
Apa bae
piwulangmu bakal dak lakoni
Dak enteni tekamu
nganti tekane pati!!!
Bojonegoro, 2010
Imam Khotib Utomo. (jw 08)
Imam Khotib Utomo. (jw 08)
0 komentar:
Posting Komentar