Uripku saya lungset
Garing kaya suket
Sepet...
Ilang banyune..
Ilang gandane..
Ngetotne mobah mosike angin
Diobat-abit mabur tekan ndhuwur
Ratu kalah perang
Kelangan prajurit padha njerit
Aku cekelan arit
Meneng tanpa wingit
Saiki wis korat-karit
Kalah karo emprit
Menclok saben ana uwit
Mung nyenyuwun mring Sang weneh nyawa
Marag crita sing daktampa
Sadurunge mlaku glindhing manungsa
Dibuntel sendhakep
Dipasang jroning bumi
Abadhi...
Bojonegoro, 25 sep 2012
0 komentar:
Posting Komentar