Godhong-godhong padha
alum
Banyu udane wis ora
diendum
Diombe dhewe merga akeh
kasiate
Apa ora krasa!!!
Anake kalunta-lunta
Ngalor-ngidul nadahi
tumetese banyu bun
Rebutan!! Rebutan padha
kewan
Rebutan!! Rebutan karo kewan
Rebutan!! Rebutan karo kewan
Kewane ora isa ilang
Sing penting mangan
Aja nganti kepangan
Asu gedhe sih tetep
menang kerahe
Merga gedhe akeh kancane
Merga gedhe mangan
kancane
Sih ngrembaka nganti jaman samono
Iki jaman ngedan
Kapinteran dadi modhal
Modhal kanggo nuku kajujuran
Kajujuran mung payu sewu
Saiki wis padha pinter
Eman yen ora kanggo
minteri!!!
hehe..... (ngedan).
hehe..... (ngedan).
Surabaya, 24 maret 2014
0 komentar:
Posting Komentar