Senin, 26 Mei 2014

PIWALESIPUN


Endahing sukma bakti tumuju endahing budaya bangsa

Tan ana pungkasan jalar sekabehe nalar
Rubeda kang ora disangka jebul ngrembaka jroning sukma
Weruh apa sira lunga mring jagading pepunjer
Kaiket janji setya mring kang ngayomi dirgantara
Wajik ketitik ala ketara
Bakal tuwuh aksara kang maneka warna
kagantung solah lan bawa kang dilakokake
Janjinipun weneh piwales ing kanyatan urip
Surga lan neraka dadi pungkasane crita

Apa crita uripku ora ana guna?
yen sukma wis ucul saka raga
Ngenteni piwales saka olehku ngudal crita
Pandongaku wis ora ditampa
Ngenteni kiriman ayat kang bisa nembus jroning jagad
Tekane cahya saka donya bisa nyiram sekabehe cathetan abang
ndadekake kamulyaning urip kang ora ana watesan
jalaran janji kang kumucap jroning kitap.

                                    Bojonegoro, 23 jan 2012

0 komentar:

Posting Komentar