Senin, 26 Mei 2014

DALU KANG WININGIT



Lampu kang dadi kanca
Ngadhepi adheme tirta
Angin tan saya nggodha
lelakon kang ora ana dunung
Geter lan mengkirik kaya dene krupuk kang kena tetesing embun
Lelewaning urip kayata cuthel
Kasebut ati kang mati mring gusti
Imane kari sacuwil
Nintingi lelakon kang ora ana pangaji
Nalika tetesing embun wis cuwa dika bakal ora ana guna
Rasa pangrasa wis kasebut mega
Kari gagang kang sinebut suthang kang dadi dalang
Apa ora weruh rasane panjilman
Aja ngguya-ngguyu nratapi tangise batin
Panjangkah dadi bubrah
Panemu dadi nesu
Panggagas dadi majas
Sukmaku kang kebebel bandha
Ilang tata krama merga kelangan tuma
Heem..,
Pantesku ana papan kang kebak mega!!!

                                    Surabaya, 12 jan 2012

0 komentar:

Posting Komentar