Senin, 26 Mei 2014

Lintangmu


 Wengi kae suminare lintang katon padhang kaya dene rembulan mangsa ketiga
Cacahe pancen akeh ning sing sreg ya mung siji
Pancen beda karo sing liya suminarmu putih suci kembang melathi
Pangaweku wis ora ana daya
Apa salah anggonku nyawang suminarmu kaya wingi-wingi sing daklampahi
Tega tenan mendhung-mendhung kluyuran nutupi endahe suminarmu

Pancen bener dawuhe Bapa!
Gayuhen lintang iku banjur panggonana ing sisih tengenmu
Aja nganti tekane mega nyapu cahya endah ing pinggirmu
Kancanana nganti suminare musna kagusur mobah-mosike donya

Yen pancene lintang iki dadi panyandhingku
Aku bakal setya tuhu ngancani lakumu
Nambahi pepadhang mring suminarmu
Ngancani nganti tekane kain mori

Wengi iki kekarepanku luntur kegusur tekane purnama
Aku mung  bisa weneh pandonga
muga lingtang sing dadi pepeling mring uripku bisa suminar luwih padhang ing sandhingmu
Aja nganti suminare koilangi
Supaya aku mbesok bisa nyekseni maneh cahya endah edi peni
Lintang! Pancen bener pilihanmu, sesandhingan karo mbulan
Dheweke bisa weneh cahya kang luwih padhang
Aku iki mung kunang kang ora bisa nambahi pepadhang

                                    Surabaya, november 2011

0 komentar:

Posting Komentar