Tangi turu saka mlaku
Durung nemu dalanmu
Ora bisa gunem, ngguyu playuku
Kok padha mbisu
Abang, biru, putihe lampu
dadi panerang
Jembaring kamulyaning
Agung
Padha kepengin jluntrung
Akeh sing mlebu karong
Aku bingung...!!!
Ngendi sing pener
Kabeh padha pinter
Padha duwe tenger
Kuwatir keblinger
Nangendi dalanku
Apa melu sing biru
Kok ana sing ngguyu
Apa dalanmu ora kliru
Apa lagi nandang tatu
Ngendi sing kliru
Aku sih krungu lan ora bisu
Nuruti napsu sing durung turu
Muga bisa nemu dalanmu
Slamet tumekane panggonan sing daktuju.
Bojonegoro, 29 sep 2012
0 komentar:
Posting Komentar