Manungsa sing
padha sesingkuran
Saiki kembang
melati wis padha mati
Durung ana sing
bisa nerusake
jiwa kang suci
Janji suci marang
gusti wis ora ana arti
Donnya iki padha goyang
Manungsa padha andum katresnan
Katresnan kang karam
Agama mung digawe sandhangan
Penyakit wis
padha sumebar
Penyakit sing
katon
Uga penyakit sing
ora bisa dinalar
Sing karam malah
kok pangan
Sing dilarag
malah kok langgar
Titik banget kang mangerteni
Anugrah gusti kang maha suci
Aja nganti nglarakake ati
Ati uga bisa mati.
Babatan, 8 november 2010
Imam Khotib Utomo. (jw 08)
0 komentar:
Posting Komentar