Dulur Matur
Dulur...
Apa mung samunu
awakmu matur
Wingi lunga ngopi
Saiki mung kari
impi
Memori iki muga
ora luntur
Kagusur angin
kang mabur
Dulur...
Dalan pati aja nganti digetuni
Ngaji suwengi muga ora lali
Lara-seneng dipikul bareng
Turu-tangi wis dilampahi
Dulur...
Sabundel sada
dadi tandha
Adoh raga
Cedhak ati
Manunggal ing
jiwa
Dulur...
Saumpama aku kondur
Sepurana sekabehe alaku
Rampungana janjiku
Kirimana aku
Jaganen kulawargaku
Dulur...
Aku mung bisa
matur
Lidah Wetan,
18 nov 2011
0 komentar:
Posting Komentar