Sabtu, 24 Mei 2014

Mingkem


Sapa kang aran lemu?
Getih wis dadi didih
Tatakrama mung dadi tapih
Kudu ana pamrih!!!
Sing sugih ngulu kebo

Tandha lambang ora dadi pepalang
Ndelik nang jerone kandhang
Diingoni juragan kondhang
Ngancani wong kang nabuh palu
Nutupi gua bolong


Lidah Wetan,  nov 2011   
Imam Khotib Utomo. (jw 08)

0 komentar:

Posting Komentar