Kamis, 29 Mei 2014

Eling-elingku


Aku kangen surga donya jaman semana

Mlayu nututi layangan
Tanpa mikir pepalang
Dak dirasa sikil tangan tatu
Mung kelingan kasenengan kang ora bisa dituku
            Kekancan rinaketan muteri endahing jaman
            Aku kelingan mitraku!
            Apa awakmu uga ngono?
            Surga donya jaman semana wis padha musna
            Kagusur putering jaman
Kumpul mangan sega
Wengi lunga ngopi
Disambi turu wengi
Suminare nggugah mata rasa
Wis kari lelamunan pangeling-eling
Muga paseduluran iki bisa raharja
            Masia kagusur musnane mega
Ambere banyu lan jerit tangising manungsa donya
Isih etep ngrembaka ing telenging ati
Ora bisa goyah lan ucul, mitraku...!!!

Surabaya, 12-12-2012

0 komentar:

Posting Komentar