Sabtu, 24 Mei 2014

MODEREN


Perang tanpa getih
Jaman sarwa canggih
Gegaman ora jaman
Ora perlu adhep-adhepan
Aling-aling kaca mata
Ora peduli netese banyu kali
Jare kanggo mbelani Ibu pertiwi
Nanging,,
Pesene gusti padha dilali
            Jaman sarwa canggih
            Sesambungan dadi gampang
            Ngubengi cakrawala mung lungguh sila
            Nyebrangi sagara mung sadina
            Menyang kutha-kutha mung nunggang rodha
Jaman sarwa canggih
Butuh tenaga, ora butuh nyawa
Tenaga jaran ora kanggo
Tumekane minyak kang dipuja
Kewan-kewan padha cangkrukan
Ngenteni tekane pakan
Uler-uler padha tetangisan
Kagiles jaman moderen
            Jaman sarwa canggih
            Manuk dali padha kelangan
            Susuh kang kebak pengaji

  Imam Khotib Utomo. (jw 08)

0 komentar:

Posting Komentar