Jumat, 30 Mei 2014

Jatining asmara


Tetuwuh maneka warna rupa pacoba
Nylurupi jroning rasa
Wiji-wiji pari dadi siji
Nglumpuk kanggo nglurug

Bun-bun manjing esuk wis tumiba
Nelesi rasa-rasaning pacoban
Gusti kang paring kamulyan
Aku sliramu tuwuh rasa sucining batin

Setya tuhumu daktali
Singset lumrahe jiret
Dakrumat saben sujud
Niat lair batinku

Swaramu dadi pituduhku
manciki krikil watu gunung
Kanggo aling-aling ra nyandhung
Saiki tumekan jemudhule bocah lanang
Dakrumat bebarengan rasa asih mring pangeran

                                                Waru, 9 maret 13

0 komentar:

Posting Komentar