Bapak...!
Piwulang,piweling uga pituduhmu
bakal dadi seksi anggonku ngadeg jejeg
Surasa japa mantra ora nduweni guna
Kagiles banyu suci saka kendhi
Bapak...!
Patuladhanku,
dadi cagak uripku
Mega kang weneh cahya mring sukmaku
Nuntun olehku mlaku miyaki alang-alang kang dadi pepalang
Merang sekabehe sangune weteng kang dilarang
Bapak...!
Rawuhmu dadi tandha tresna kang sulistya
Esemmu miyak ati kang kecacah mring gajah
Nebang carang kang temangsang
Mbukaki dalan kang buntu
Bapak...!
Aku mung sadarma manungsa kang nguciwani
Ora bisa nampa, nerangna uga njlentrehna
Pikirku dadi ciut kagusur gebyaring donnya kang sarwa ngudal rasa nafsu
Ora ana guna...,
Bapak...!
Miline banyu saka mataku wujud tresnaku
Lambeku kajiret jaring
Surabaya, 13 des 2012
0 komentar:
Posting Komentar