Mula bukane critaku
Mili kaya dene banyu kali
Mandheg yen asat
Gemrujug yen cethek
Taneg yen kebek
Bojonegoro dadi saksi
Esem-esem jaman semana
Ngleluri tandha-tandha gunging Gusti
Nyedhot rasa jroning batin
Kekarepan kanggo nyawiji
Bojonegoro dadi saksi
Janji sing ra migunani
Janji sing ora dadi janji
Kekarepan suci kagerus
dadi angus
Wong Agung nduwe
kekarepan Agung kanggomu
Nyedhot tali piwalese ati
Bojonegoro dadi saksi
Critaku iki isih mili
Nglangkahi dhuwur endheke gunung
Muteri amba ciyute segara
Nglangeni jero citheke banyu
Bojonegoro dadi saksi
Critaku patuladhan uripku
Critaku sejarah jroning
batinku
Critaku “apik” kanggoku
Critaku dakbuntel kain
mori “abadhi” kanggoku
Surabaya, 27 Feb 2013
0 komentar:
Posting Komentar