Selasa, 27 Mei 2014

Ngopi


 Disawang kaya wong kang kurang gaweyan
Nyangkruk sakanca
Ngomongna perkara uga rasa ing donya
Panglipur ing dhadha
Ngancani jiwa kang lagi sulaya
Nyritakna crita wingi sing ana arti

Kopi sacingkir dadi seksi
Cecaturanku nganti wengi
Disawang para santri sing padha ngaji
Dikira aku iki wong sing wis lali

Pancen wujude ireng peteng
Rasane manis ngalahke pandeleng

                                    Surabaya, feb 2012

0 komentar:

Posting Komentar