Kamis, 29 Mei 2014

PARANE JAMAN


Saya dadi adine jaman
Adi kang ra karuan paran
Kok padha mlayu ngetan
Hemm... ora wedi konangan
            Jarane padha ngombe lan mangan
            Senggut-sesenggutan rerebutan
            Kamangka iku suket ingonan
            Kok ura wedi kabalang gaman
Oalah jebule padha duwe juragan
Kanggo nuku ambane kurungan
Diulur-ulur nganti ora konangan
Masia wis ana ing pucuke gaman
            Ora eling rikala ing kandhutan
            Dikarepake dadi panutan
            Mrih aji ing bumi lan patine jaman
Mulya ing donya, akhirat lan sapadha-padha kamanungsan

Kalianak, 12-12-2012

0 komentar:

Posting Komentar