Lelakonku dak
sunteg ana dluwang kang ora kena dibuseg
Pancen dawa ning
ora migunani kanggomu
Isine mung
critane wong sara
Golek bandha
tangise raga sukma
Senajan dalan
pati sing ditemoni
aku seneng bisa
crita marang kanca-kanca
Saiki wis lencu
Apa padha turu?
Kok ora padha
mlayu nerusake critaku
Seneng temen
memba yuyu
Kranggah-kranggah
golek panggon turu
Apes temen awakku
sing wis lila dadi babu
Nyepaki buku sing
ora ana sing gelem niru
Ketekan hawa
nafsu sing kaliru
Isin....
Saiki kisinan
Krasa nganti
batin
Lali marang sing
nggawe asin
Surabaya, 13
maret 2012
0 komentar:
Posting Komentar