Tumetese banyu
Dadi trenyuhe
atiku
Tata tuturmu dadi
patuladhanku
Ibu...!
Sansaya suwe
anggonku urip
Sansaya eling
mring pituturmu
Aku mung awujud
gedibal
Ora bisa mujudake
kekarepanipun panjenengan kang suci tur edipeni
Tresnamu dak
cathet ing pikirku
Ibu...!
Tresna kang
ngalir kaya dene air
Ora ana akhir
Wiwit jabang bayi
Nganti tekne pati
Panjenengan
tansah weneh piweling kanggo aku
Tembung-tembung
ingkang panjenengan aturaken manis ngalahi manise gendhis
Ibu...!
Nyuwun
pangapunten...!
Aku ora bisa nyenengake
panjenengan
Uripku mung saya
nglarakake manahipun panjenengan
Ora bisa
ngalampahi kakarepanipun panjenengan
Ibu...!
Lungaku ora merga
aku lali marang panjenengan
Ananging arep
nggayuh kamulyaning urip
Adoh panggonku
cedhak atiku
Ora bakal ilang
ing pikirku
Pahlawan ing
atiku
Ibu...!
Mugi pangeran
weneh kaslametan kagem panjenengan.
Putramu
Surabaya,
22 des 2011
0 komentar:
Posting Komentar