Senin, 26 Mei 2014

PUNGKASAN


Tan ana kutha tanpa raga
Tumuwuh pangaji marang gusti
Kang kedah paring rahmat
Mugi sedaya saged sungkem
Ing donnya kang pungkasan

Nanging...?
Saperangan bakal mokal
Marga ingon-ingone wis lali juragane
Gindrang ora ngerti paran
Dalan jejeg ora digadheg
Nuruti seneng mangan andheng-andheng

Hawa napsu wis lesu ning kliru
Andum katresnan ning ora ana restu
Bungah mring tumindake setan
Suara kang suci disingkuri
Piwelinge rama diilangna

Wis rumangsa bisa???
Sorot mripate ws dilali.
Kebak mangsi abang
Genine wis nyedhak..

                                                Surabaya, des 2011

0 komentar:

Posting Komentar