Sabtu, 24 Mei 2014

Rasaning ati




Geguritan kang gawe leganing ati
Daktulis ing dluwang iki
Daksawangi rina wengi ing tlatah iki
Ati kang rasa sepi

Mung bisa ngimpi
Ora bisa males budi sing kok ajari
Dalanku dalan pati
Dalan kang diarani ngeri

Ana ing kurungan iki
Rasaning ati ora bisa ditambani
Kangen marang budi pakerti
Kangen marang tumindak kang becik

Ing dluwang iki
Daktulis rasa getun marang lelakonku
Lelakon kang gawe ngeri
Lelakon kang dianti-anti polisi

Ajuring budi ajuring nagari
Ajuring pakerti ajuring agami

Duh Gusti.........
Agunging samudra pangaksami

0 komentar:

Posting Komentar