Nalika aku urip
Daksawang langit
Kang padhang ana ing ati
Agunging jagad
kang nerangake pakerti
Muncat
kakarepanku
Bapak, ibu lan
guru-guruku
Wes dhuwur olehku
ngelmu
Wes dhuwur tata
tutur sing panjenengan ajarne
Wes dhuwur
derajad uripku
Ning
Atiku saya ora
tatag
Ngrungakake
simpang siure suara
Nglakoni alane
lelakon
Tata tutur sing
panjenengan ajarne daklali-lali
Duh gusti......
Rasaning atiku
ora kaya raning pikirku
Pikiran kang saya
rusak
Duh gusti......
Agunnging samudra
pangaksami.......
Babatan, 15 april 2010
Imam K.U (jw 08)
0 komentar:
Posting Komentar