Jumat, 30 Mei 2014

Kembang setaman


Abang, kuning, putih lambang pratandhamu
Jejeg pangadegmu gumantung cahya mega
Subur lan makmurmu gumantung lemah lan panggonanmu
Namung siji aranmu “kembang”
Rina wengi nyebar gandha wangi
Kanggo mikat wohing kuldhi

Kembang setaman dadi pajangan
Dipajang pinggire ratan
Dituku merga nafsu
Tawone kelangan madu
Isuk-isuk wis padha payu

Kembange padha alum
Rasane diendum-endum
Kok ora kungkum
Malah tuku jarum
Jarene usum.....!!!

Kalianak, 18 maret 2013

0 komentar:

Posting Komentar