Mbulane katon separo
Isining kalbu kecacah nafsu
Daktunggu-tunggu nganti banyuku netes metu
Nangendi rasaku?
Apa wis kurukan awu...
Sapa sing kliru?
Apa lakuku wis ora trep karo piwulangmu??
Pancin lambe wis ilang kanggone
Merga kahanan, nganti ngulu idune
Iki mung janji sing ora njanjeni
Disawang katon endah nanging ana njerone kawah
Diulu nyeret ing gulu
Mbulan.. mbulan.. disawang pancen endah suminarmu
Endahmu nyusup jroning kalbu
Ndadekake pangrasaku semu
Ndilalah kok lathimu nggandha kenanga garing
Bojonegoro, 24 sep 2012
0 komentar:
Posting Komentar