Sabtu, 24 Mei 2014

Kapercayan Kang Luntur


 Kembange wis mekar
Gandha arum dirubung tawon
Ilang gandhane ilang tawone
Mung nyesep
Mung manut
            Apa aku kudu nesu?
            Manuk jalak
            Lunjak-lunjak
            Disamber luwak
Pela-pelu padha ngguyu
Kupu-kupu padha mlayu
Kura-kura ora tega
Jaran-jaran padha tetangisan
            Aku wis cacat
Mung jaran lan kura sing dadi kanca
Ilang upasku
Ilang maduku
Sumilir angin pinggir kali
Nggugah jiwa kang mati
Kebak rasa iki
Pengin dadi jiwa kang sejati
Urip ora mung ana ing donnya iki
Isih ana urip kang sejati
           
            Babatan, 10 maret 2011.
  Imam Khotib Utomo. (jw 08)

0 komentar:

Posting Komentar