Swara adzan
gumlegar nyigar dirgantara
Saut-sumaut negara
siji lan sijine
dadi bukti rasa
marang gusti
Alane nagari
katutupi endahe adzan saben wanci
Matur sembah nuwun kagem rama
Bilal ingkang
sampun miwiti swara kang dadi tandhane agama
Maneka warna
perangane agama islam ning sih tetep adzan digawe pathokan
Swara agung bisa
ngrembaka yenta manungsa sih seneng nganggo sarung uga krudhung
Aja nganti luntur
kepangan swara sandhang pangan
Puja-puji marang
ilahi bakal dakkumandangake nganti tekane pati
Dak trepake ing
ulu ati
0 komentar:
Posting Komentar