Glugar-glugur tanpa
mandhang umur
Wanci dalune dadi
pratandha
Asat sumber kinasih
Playune nyesep getih
Amis najise dadi pangan
Pangan-panganan
rumangsane ra konangan
Kamangka jroning batin
ana sing mimpin
Tembung-tembung wis
ditembangne
Kanggo mancing “iwak
lele”
Logat lan wujude ireng
mulus tur alus
Nanging yen apes bakal
kena patile
Waspadha lan ngati-atia
Iki wancine wis dalu
Lawang-lawang akeh sing
tutupan
Merga kuwatir dadi umpan
Swara tentreme akhir gak
kepikir
Lagu rindu dadi sangu
Peteng dalane
Peteng mripate
Kalbune padha turu
Pancen wancine ya wis
dalu
Lumrah jarene.....!!!
Kalianak,
18 maret 2013
0 komentar:
Posting Komentar