Senin, 26 Mei 2014

Piwulangipun


Ngangsu ilmu ing dina setu
Pangarepku ngebur kedhung kang kebak ilmu
Mring guru kang dak anggep ora ana tatu
Sungkem pangabekti konjuk dhumateng Gusti, Bapak, Ibu lan Guruku
           
Kemercike banyu kendhi bakal dak langeni
Amarga kapingin weruh
Isine kendhi kang kebak pangaji
Pangarep suci murni ing jero kendhi

Pangarepku mung siji
Aja nganti mungkuri
Marang isine kendhi kang edi peni
Pitutur, piweling, lan lakumu

Bakal dak ramut
Bakal dak sebar kaya dene winih pari ing mangsa rendheng
Bakal dak junjung dhuwur nganti mabur
Bakal dak tulis ing ati lan pikirku

                                    Sawunggaling,  des 2011

0 komentar:

Posting Komentar