Kamis, 29 Mei 2014

Kuciwa


Ing oret-oretan iki rasaku dakudal
Aku rumangsa kuciwa mring sawijining cumiptamu
Dakkira aku bisa kepethuk marang atine
Mlayu-mlayu nututi ilining banyu
Jebul aku mandheg merga kaline kabendhung
Taksawang kiwa nengen akeh dhesel sing ngantri
Bakal mili nangendi sliramu

Atimi saiki wis dalu
Aku ora bakal nututi maneh playumu
Masia selang iku bolong
Nanging ati ora bisa kobujuki

Aku lila lan legawa
Krungu crita kang sulistya
Mbuseg panemu sing kliru
Nutupi pikiran sing tatu
Manciki dalanku nggayuh karaharjan

Matur nuwun kanggo piwulang, pituduh uga piweruhe
Aku ora bakal nglali
Daksimpen ing ati siji
Dakwaca saben ana sing kapengin nguji.

Bojonegoro, 24 sep 2012

0 komentar:

Posting Komentar