Kamis, 29 Mei 2014

Carang garing


Lelewaning asmara kang tanpa rupa
Tegese-teges kang dadi punjering kalbu
Gumerlaping wanita kang kebak rasa
Adhedhasar agama kang dadi punjering carita
Sirna merga janur tanpa asmara
Ajuring tandha-tandha asmaraku mring cumiptamu
Rasa-pangrasa sing wis kebak dadi suwak
Kepidak grombolane wong kinurmat
Aku dadi carang garing pinggir kali
Ngenteni kintire widodari
Mung bisa matur mring pangeran kang maha suci

“mugi ditekakake jawah kang deres supados banjir enggal-enggal tumiba, mbanjiri criaku supaya beda”

Bisa nggiring widodari supaya kintir
Kecanthol carang garing pinggir kali..

Bojonegoro, 12 september 2012

0 komentar:

Posting Komentar