Manjinge swara-swara
pepujamu
Daktunggu nganti aku turu
Manciki ayang-ayang sing
takanggep kurang
Nylurupi jembaring atimu
Saiki wis sepi
Dakcoba nyebal lewat kali
Sokur jluntrung ditunggu widodari
Masia beda aku uga duweni rasa
Dakjanjeni nganti pati
Crita biyen beda karo
saiki
Biyen nunggu saiki
ditunggu
Gumantung sang Agung
Weneh panerang, pamilih
kang pancin wis pinilih kanggoku
Iki dalanku
Iku dalanmu
Iki karepku
Iku karepmu
Manciki dalan-dalan sing
wis ana ngarepku...!!!
Kali anak, 22 oktober 2012
0 komentar:
Posting Komentar