Kamis, 29 Mei 2014

nglurug tanpa bala


Suminarmu wis bola-bali ngiteri

Kaweruh suci kanggo diri
Nyecep iline banyu kendhi
Kendhi tanah suci
Dadi patuladhan ing ati
            Kluruk tanpa wayah
            Ora ana rasa susah
            Merga ati kang kagugah
            Dadi brangah
            Nur bala suci kang endah
            Bayu ngancani nglangkah
            Japa pasa kanggo rinaketna manah
nglurukku tanpa ngundang bala
Netepna ati siji
Jiwa lima
Raga siji
Ngiteri sajembare bumi
DALAN SUCI nggiring ing winalese Gusti

Surabaya, 12-12-2012

0 komentar:

Posting Komentar