Selasa, 27 Mei 2014

PANGUDARASA


Pikirku saya ora nggenah
Mencolot-colot ora tamtu panggon colotane
Mikir gandha arum saka pangeran uga gandha udan mangsa katiga
Dakbandingna, dakrasakna jebule beda
Siji lan sijine nduweni arti
Apa kudu nyupot klambi?

Pikirku saya ora nggenah
Tekane udan ngilangi gandha arummu
Swara kemercike ngangeni
Saiki kari impi...
Nem sasi sih kelingan ing ati
Apa kudu daktangisi lan dakilangi saka ati?

Pikirku saya ora nggenah
Wingi mandheg ngopi ora ngira ndadekake ucule tali
Tali sing dak iket lawase 51 sasi
Saiki awakmu wis urip mulya
Runtung-runtung karo kulawarga
Critaku saiki wis beda?
Ora kaya rikaya urip ana desa

                                                Surabaya, 13 feb 2012

0 komentar:

Posting Komentar