Pitike wis ora gelem kluruk
Kelangan jalu lan cucuk
Kalah karo manuk
Lambene padha munthuk
Adu lanange
Kepaten ora kopen
Tatu ora digugu
Menang bakal disundhang
Mung kari jeneng pathing keleleran
Dipajang njero kandhang
Meres getih dadi dedeh
Kok krasa gurih
Dikancani macan putih
Ora gelem mulih
Nangendi jluntrungmu
Merga donya brana
Nglali marang sing nyumipta.
Bojonegoro, 27 sep 2012
0 komentar:
Posting Komentar