Selasa, 27 Mei 2014

Wancine

Saiki wis dalu
Akeh sing wis padha turu
Lali marang wahyu uga lali marang ratu

Saiki wis dalu
Akeh sing wis ngulu idu
Nganti tekane padu
Jegug kayata asu

Saiki wis dalu
Akeh panemu ning kok malah ngliru
Jebule mung nuruti hawa napsu
Ora padha karo isining kalbu

Saiki wis dalu
Wis wayahe mega turu
Isining bumi padha metu
Genine padha ngguyu
Mung ilmu wahyu sing dadi sangu

                                    Surabaya, 14 maret 2012

0 komentar:

Posting Komentar