Selasa, 27 Mei 2014

Ambyar


Netese pitik kang ndadekake ambyare endhog
Mbiyen dadi kemul
Yen sih cilik kulite digawe kanca turu
Sing bisa nambahi rasa anget
Digawe dolanan cucuk-cucukan

Saiki dianggep ora ana guna
Dicekeri nganti ketutupan wedhi
Ora eling rikala isih dadi banyu
Nyawamu ora mlebu yen ora ana aku
Pancen aku bisu nanging uga nduweni kalbu
Oleh wahyu diutus njaga lan netesna awakmu nganti tekane wektu

Awakmu wis bisa mlayu
Nggoleki gandhengan uripmu
Papan lan pangan tujuanmu
Lali marang aku

Kancanana aku...
Masia wis ora ana guna aku uga butuh kanca
                                   
                                    Surabaya, 23 feb 2012

0 komentar:

Posting Komentar