Selasa, 27 Mei 2014

JAMANE WIS BUBRAH


Ora ngira aku bisa dadi penguwasa
Lungguh sila kaya dene raja
Dhuwit wis dakorat-arit marang wong-wong sing senengane njerit
Gambarku dipuja-puja merga kepingin dhuwit amba
Swara-swara padha nganggep aku dewa
Nomerku akeh sing ngudhoni
Lakuku kaya dene Suryapati dijaga turut mburi
Omong-saomongku dituruti merga kuwatir tumekane raja pati
Pancen iki nagari impi
Dhuwit bisa nuku nagari
Asu gedhe menang kerahe

Tapak asmaku dituku
Tak kira sangu jebule dhuwit lemu
Aku mbisu...
Ngguya-ngguyu nyawang wetengku sing saya lemu

Pancen aku mbiyen wong ndesa ora ngerti isining negara
Mung bisa nyawang ing kaca sing nyuwara mobah-mosike negara
Saiki wis dadi penguwasa
Mbaung marang wong sing dak anggep kanca
Metani wong-wong sing nduwe dhuwit amba bisa dadi kanca
Adu sungu, adu kanca, adu negara dak lakoni
Supaya aku tetep dipuja
Ora peduli tangise sapi merga dakperes saben wanci
Dakolah dadi roti...
Sing penting wetengku wareg

                                    Surabaya, feb 2012

0 komentar:

Posting Komentar