Senin, 26 Mei 2014

TANPA GUNA


Mung bisa nratapi critaku wingi
Dalan padhang daksawang abang branang
Luntur gregetku merga ora padha karo atiku
Buntu nalarku mikirna kekarepan kang ora ana paran
Dakeling-eling tangisku ora ana guna
Batin lan sukmaku kepengin ngenteni tekane madu kang bisa ndadekake critaku jangkep

Bapa, ibu, apa sejatine salahku?
Ngudal rasa kang ngglibet jroning raga
Kekarepan tulus kang trep kaliyan piwulangipun agama
Sapa ngerti saiki kari impi
Daksawang tengah wegi kang suwung nratapi critaku wingi
Panjangkaku wis ora ana guna

Tekamu pancen dadi punjere critaku
Crita kang bakal ngrembaka jroning raga
Pitulung raga lan sukmaku kang kebak janji mring gusti
Sumringah anggonmu nyawang gebyaring dirgantara dadi titikan critaku

                                    Bojonegoro, 24 jan 2012

0 komentar:

Posting Komentar