Jumat, 30 Mei 2014

Critaku karo Si Ndul


Ndul, wiwit dina iku aku janji
Janji kang dakdasari jroning ati
Janji iku isih ngrembaka jroning dhadha
Kaya banyu segara kang isih tetep kebak
Ora bakal asat.
Ndul, banyune digawa angin
Kayata urip iki mung melu lakune angin
Aku pengin awakmu
Ya mung awakmu sing menehi werna ing sisa dinaku.
Ndul, wis setaun mlaku bareng
Maneka warna pacoban sing ndadekake trataban, tetangisan uga ndadekake ati kalaran.
Alhamdllh, bisa tangi saka ngipi sing rasane mung sawengi
Nyaponi reregedan sing tumemplek, dibilas wudlu saben manjing lan dedonga saben sujud
Gusti Allah menehi pepadhangan marang awake dhewe
Dalan ing ngarep wis jelas
Ngramut rasa sing ana
Didadekake nyata sujud bebarengan ing balaiwisma

Surabaya, 24 maret 2014

0 komentar:

Posting Komentar