Selasa, 27 Mei 2014

Kelingan


Dina iki aku nyoba nglangi jroning impi
Crita-critamu bakal dakeling-elingi
Guyu tangismu kayata lagi wingi
Kelingan rikala padha latihan ngitung limang driji
Bapa lan biyung dadi saksi
Ngucap janji setya nganti disholati

Isih daksimpen jroning dadha
Pelangi jroning sukma
Awakmu tau kandha
Kudu bisa nggayuh surga
Masia wis padha lunga
Apa saiki wis padha mulya?

                        Surabaya, 22 feb 2010

0 komentar:

Posting Komentar