Bayi kang
jemlerit
Dakdigadhek,
dakdisawang, dakdijerit
Mentingna uripe dhewe
Ajur negarane
Godhong-godhong kang katon ijo musna
Kesamber petir sing gemlegar
Petir sing ora nduweni ati
Ora ngrungakake tangise bayi
Ora eling
manungsa kabeh iku sadulur
Ora eling janjine
marang gustine
Uriiip urip
Kapenak anggonmu mrentah wong cilik
Lara anggonku dadi wong cilik
Nglakoni alane urip sing gak tak kersani
Duh
gusti...................
Alane lelakonku
marang sadulurku
Ati kang rasane
nesu
Panguwasa sing
mentingake napsu
Duh gusti..................
Banyu kang katon putih
Perih
Rembulan kang katon angslup
Mawa abang kaya mega
Lidah wetan 30 april 2010
Imam Khotib U. (jw 08)
0 komentar:
Posting Komentar