Turut dalan dadi panggonan
Gawe sandhang pangan
Cilik gedhe lanang wadon
Panas ora ngadhem
Tanpa ngersula lan gunem
Nyedhaki, nawani uga nyeluki
Masia ora patiya mbejaji
Ning iku rejeki sing migunani kanggone lan kanggomu
Aja kok itung akehe ngedol koran
Nanging akehe niyat ngudhal pawarta
sing utama
Jasamu ora saru
Masia regane isuk mung telongewu lan awan kari sewu
Aja diguyu...!!!
Bojonegoro, 28 sep 2012
0 komentar:
Posting Komentar