Sabtu, 24 Mei 2014

Lunture Pujangga

ira kang dadi pujangga
maneka warna anggonmu ngudal karya
arta ora sing utama
mulang kabecikan lan tata krama

kathah kang ora ngajeni
hamung ati wis kebak janji
ora lila donya dadi neraka
tekane rajabrana
ingsun padha lunga
bab kang ndadekake prakara

uwis akeh kang cegeh
tampa-tampi ora diopahi
ora prakara arta
mung pangaji ora diopeni
olehe ngelmu dianggep tebu

Lidah Wetan, 18 nov 2011
 Imam Khotib Utomo. (jw 08)


0 komentar:

Posting Komentar