Lingsir amarah tanpa
wewarah
Dakudal kalbu kang buntu
Weruh sira duweni rasa
Pepujaningsun cumiptanira
Apa salah tampa
Pang garing rong cabbang
Saiki dadi branang
Krungu sorake angin rendheng
Padha thukul, nembus
lemah kang durung kepamah
Critaku dadi sarah
Ora payu lan ora dijamah
Disisihna pinggire sampah
Apa aku salah
Ana rasa sing ndadekna aku raharja
Tumeka ngelapi ganda
Nggiring critaku dadi aji
Masia rasa iki kebak wewadi...!!!
Kali anak, 22 oktober 2012
0 komentar:
Posting Komentar