Senin, 26 Mei 2014

SALAH TAMPA


Aku dudu panggurit uga ora pantes diarani pujangga

Aku munu mung sarwa manungsa kang bisane ngulu idu
Sekabehe ragaku wis tatu katekan kumpulaning bangsaku
Lakuku kaya dene kura kang pincang
Basaku arupa angin kang mobat-mabit ora ana jluntrung
Kuciwa mring sapa?
Aja nganti aku noleh
Disangka weneh gambar kang gamblang ngenani topeng kang dienggo topengan
Numpaki jaran supaya ora konangan
Ngamping dasi kang ana pangaji
Pangkat, drajad dadi sarat ning padha lali akhirat
Sapa sing kok anggep bener
Setan sing dadi pepunjer
Ngilangna nyawa sing dadi pujangga
Aku iki sapa?
Arep miyak barisane luwak
Arep nantang kumpulane macan kang golek pangan
Arep ngudal sekabehe tatu kang diduweni ratu
Arep pamer bebener ing dhuwure mebel
Apa aku pantes!?
Surabaya, 15 jan 2012

0 komentar:

Posting Komentar