Rabu, 04 Juni 2014

”Ajur”


  lambeku lambemu lambe bejat

lambe kang isane nyacat
lambe bejat lambene bangsat
donnya ajur merga lambe bejat
ajur, tawur, ngubur,  merga lambeku lambemu
Ajur”, ajur”, ajur saduluran iki merga rungonku rungonmu
Ora cocok karo omongku omongmu
Omongku omongmu ora padha karo apa sing ana ing atiku atimu
Ora eling apa sing diajarne agamaku agamamu
Ora eling apa sing diajarne ibuku ibumu
Ora eling apa sing diajarna guruku gurumu
Ora eling, nglali apa dilali-lali???
elinga, elinga
Urip iku mung sadelok
Aja dirusak ?
Rusak siji rusak kabeh
Mati siji mati kabeh
elinga, elinga
Yen ibumu nglairake awakmu
Kapingin nduwe anak kang sae lair lan batine
elinga, elinga
                        Panjebar.12 apr 10
Babatan, 23 peb 2010

0 komentar:

Posting Komentar