Jumat, 06 Juni 2014

Kursi


Wis wancine?
Saben limang taun sepisan rebutan
Kok pritungan
Kudu bathi ing mburi
Nanging kok ora ana aji
Ngluruk saben awan
Cumenthel gambar pajangan
Iku jare kanggo dalan
Tulisan dadi suara
Bandha dadi raga
Mung sacuwil kertas iku
Dadi udhu
Dadi lamunan saben awan
Dadi impi saben wengi
Esuke ya tetep mangan pari
Ora mung siji sing lali
Lali marang endahing kahuripan
Anak bojo dadi nelangsa
Parane kulawarga ora tata
Morat-marit
Lamunan tanpa guna
Muspra!!!

Surabaya, 07 Juni 2014

0 komentar:

Posting Komentar