Rabu, 04 Juni 2014

Sinau


Kertase wis lecek
Nyecep sari-sari kembang turi
Wernane endah ning rasane rada pait
Diurap karo parutan kelapa
Nduweni rasa

Kembange rada ngrembaka
Pancen ya angel olehe nggayuh
Merga dedege ra jejeg
Penting saiki ngisi suara manca

Ireng putihe werna donya
Wis tau liwat
Wis tau nyambat
Sambat-sesambatan jluntrung nang njero sarung
Tetep kabukak lan kawaca kumpulane kaweruh
Kaamalna lan katularna

Masia dondom-dondom nang kain sisa
Penting ana guna!

Surabaya, 04 Juni 2014

0 komentar:

Posting Komentar