Rabu, 04 Juni 2014

Gosok


Reged-reged memba Arjuna
Nememplek ndekepi kursine Rahwana
Njaga solah njaga bawa
Njaga raga nata busana
Abang-abang lambe!!!
Lunyu!!!

Regede wis numemplek ora mung golek gaplek
Ngerog susuh-susuh manuk Garuda
Supaya rontog, supaya mabur.
Buyar tata tinata jaman semana
Ulu-ulune padha digawa ngalor ngidul
Amburadul!!!

Reged-regede ayo digosok
Supaya ora mrambat dadi sambat
Digosok nganti ngorok
Dibilas nganti pitung ambalan
Supaya aman!!!

Surabaya, 05 Juni 2014

0 komentar:

Posting Komentar